Hy guys, g ush bingung buat pidhato bahasa jawa khususnya khitanan.
Nih, ak ksih sample nya :)
Selamat Membaca ;)
Assalamu'alaikum Wr.Wb.
Kasugengan saha karaharjaan mugi tansah kajiwa, kasarira, dhumateng kula kaliyan panjenengan sedaya. Amin.
Bapak Kepala Desa Sukamaju ingkang kinurmatan, Bapak Ustadz Maulana ingkang dahat kinurmatan, rencang-rencang Bapak/ Ibu Agus Waluyo ingkang satuhu sinudarsana saha tangga tepalih sarta kulawarga Bapak Agus ingkang caket ing manah.
Nuwun keparenga kula sumela atur, minangka sulih sariranipun Bapak/ Ibu Agus waluyo ing ngriki. Murwakani atur sumangga saderengipun kula dherekaken ngojukaken Puji Syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih sarta Maha Mirah, dene ing wekdal menika seged nindakaken pawiwahan Khitanan putranipun ingkang angka kalih, kanthi nama Reza Nugraha.
Ingkang sepisan Bapak Agus sakaluwarga ngaturaken pambagya sugeng rawuh dhumateng para tamu sarta matur nuwun, dene panjenengan sami sampun nglonggaraken wekdal saha penggalih rawuh ing pawiwahan menika.
Kaping kalih kulawarga Bapak Agus ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kadang, tangga tepalih tuwin para mudha ingkang kanthi rila legawa paring pambiyantu ingkang awujud menapa kemawon Bapak Agus sakulawarga mboten saged ngaturi piwales menapa-menapa, namung saged ngaturaken agunging punuwun Gusti ingkang Akarya Jagad ingkang badhe paring piwales ingkang matikel-tikel tumrap kasaenan panjenengan sedaya.
Ingkang angka tiga, Bapak Agus sakaliyan nyuwun donga pangestu saking para tamu kangge putranipun ingkang di pun khitanaken inggih menika Reza Nugraha. Mugi-mugi enggal pulih kasarsanipun sarta ing tembe saged dados putra ingkang bekti dhateng tiyang sepuh saha murakabi dhateng bebrayan kathah. Amin.
Ingkang angka sekawan mbok bilih anggenipun Bapak/Ibu Agus Waluyo nampi rawuh panjenengan wonten sawukawis igkang kirang nuju prana, mawantu-wantu tansah nyuwun agunging samodra pangaksami. Salejangipun gegandhengan sampun sawetawis lenggah panjenengan, awit saking panyuwunipun Bapak/ Ibu Agus Waluyo panjenengan sedaya kaaturan ngonjuk toya-toya benter kaliyan ngrahapi pasugatan ingkang sampun katur kanthi merdikaning penggalih.
Ingkang wasana kula ingkang minangka talanging atur mbok bilih pinanggih atur miwah solah bawa boten damel sarjuning penggalih tansah nyuwung agunging samodra pangaksami.
Wassalamu'alaikum Wr.Wb.
by : Tansaniya Sa'banillah W.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar